Abu Qubays

Abu Qubays
أبو قبيس
Qal'at Abu Qobeis
Désa
Sesawangan sawijining bètèng ing Abu Qubays ing taun 2004
Sesawangan sawijining bètèng ing Abu Qubays ing taun 2004
Page Modhul:Location map/styles.css has no content.
Abu Qubays is located in Syria
Abu Qubays
Abu Qubays
Location in Syria
Koordhinat: 35°14′10″N 36°18′52″E / 35.23611°N 36.31444°E / 35.23611; 36.31444Koordhinat: 35°14′10″N 36°18′52″E / 35.23611°N 36.31444°E / 35.23611; 36.31444
Nagara Syria
KagubernuranHama
DhistrikAl-Suqaylabiyah
Sub-dhistrikTell Salhab
Cacah warga (2004)
 • Gunggung758

Abu Qubays (Arab: أبو قبيس‎‎ uga diéja Abu Qobeis, Abu Qubais utawa Bu Kubais; uga dikenal minangka Qartal) biyèn minangka sawijining kastil jaman tengahan, lan saiki dadi sawijining désa kang didunungi wong-wong ing Suriah. Wewengkon iki sacara administratif minangka pérangan saka Kagubernuran Hama, kang pernahé ana ing lor-kuloné Hama. Wewengkon iki persisé ana ing ngaré al-Ghab , sakuloné Kali Orontes. Wewengkon liyané sacedhaké Abu Qubays ya iku antarané Daliyah kang adohé 21 kilomèter mangulon,[1] al-Laqbah ing kidul, Deir Shamil menyang kidul-wetan, Tell Salhab ing lor-wétan, lan Nahr al-Bared ing pucuk lor-wétan. Miturut data saka Syria Central Bureau of Statistics (CBS), cacah wong ing Abu Qubays ana 758 wong, saka sènsus taun 2004.[2] Wong kang ndunungi wewengkon iki akèh-akèhé wong Alawité.[3][4]

  1. Lee, p. 137.
  2. General Census of Population and Housing 2004. Syria Central Bureau of Statistics (CBS). Hama Governorate. (ing basa Arab)
  3. Moosa, 1987, p. 275.
  4. Douwes, 2000, p. 185.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search